Lirik Lagu Kahanan - Eny Sagita

Lirik Lagu Eny Sagita - Kahanan Judul Lirik : Kahanan pencipta Lagu : Sun Gondrong Penyanyi : Eny Sagita Kategori Album : Dangdut Jawa...
Lirik Lagu Eny Sagita - Kahanan

Judul Lirik : Kahanan
pencipta Lagu : Sun Gondrong
Penyanyi : Eny Sagita
Kategori Album : Dangdut Jawa Populer Campur Sari

Silakan Baca Juga : Lirik Lagu Eny Sagita – Ngamen 5

Lirik Kahanan Eny Sagita
Lirik Kahanan Eny Sagita

Berikut Cuplikan : Lirik Lagu Kahanan - Eny Sagita


Kahanan ku iki, yen tak umpamakne
Koyo cahyaning bulan kang kalingan mego
Peteng kyo aneng luwang
Suwung sepi tan ono
Kang biso angluwari panandanging ati

Jerit tangis atiku
Tetes luh ing pipiku
Roso nelongso sliramu megatke tresno
Ibarat kembang kang layu tanpo kumbang asmoro
Aku kang kebacut tresno kok tinggal lungo

Reff:

Nglangut ing wanci wengi
Yen rino atiku nelongso
Putus talining janji
Kowe ninggal kembang tresno

Loro laraning ati
Nadyan loro aku nerimo
Sliramu cidro janji
Tego ninggal aku lungo

Tak lilakke lungamu
Nadyan abot jroning rasaku
Pepes woting atiku
Kesayat welat tresnamu

Nadyan adoh dunungmu
Ojo nganti nglalekke aku
Kenangan lan sliramu
Dadi memanik ing kalbu

Umpamane… kowe bali…
Nambani laraning ati dhek semono
Tak enteni…. kowe bali…
Bebarengan nyambung tresno dhek semono

Jerit tangis atiku
Tetes luh ing pipiku
Roso nelongso sliramu megatke tresno

Ibarat kembang kang layu tanpo kumbang asmoro
Aku kang kebacut tresno kok tinggal lungo
disclaimer :
Blog ini hanya menampilkan lirik lagu dan informasi terkait darinya. Kami TIDAK membagikan link download mp3 dari lagu tersebut.